A. Tetepungan Marang Teks Deskriptif. Miturut jinise karangan wujud gancaran iku ana 5 warna, yaiku narasi, deskripsi,argumentasi,eksposisi lan persuasi. Dene karangan yaiku gancaran kang arupa rerangkene ukara-ukara kang kaiket ing sajroning paragrap.
1. Pangerten Teks Deskriptif. Wacana deskriptif yaiku wacana kang nggambarake kanthi cetha salah sawijining kahanan (objek), objek mau kaya-kaya ana ngarepe wong kang moco. Deskripsi kang andhedasar pengamatan klebu rincian/gambaran kasunyatan. Gambaran kasunyatan iki mratelakake pawongan, panggonan, kewan, prastawa, barang lan sapanunggale.
Tuladha: a.Deskripsi barang umpamane tas bisa dirinci/digambarake ngenani bahane, wernane, modele lan sapanunggalane.
b. Deskripsi pawongan(manungso) bisa dirinci/digambarake praupane, dedege,watake,kasenengane lan sapanunggalane
Komentar
Posting Komentar